Senin, 23 Maret 2015

Pidato Basa Jawa Perpisahan Sekolah

Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun, kula nuwun

Ingkang kinurmatan Kepala SMP NEGERI 1 TAYU, Bapak/ibu guru saha staf Tata Usaha ingkang kula kurmati,kanca-kanca lan adik-adik ingkang kula tersnani.

Ingkang rumiyin mugi kita sedaya sami-sami ngraosaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung. Saengga ing wekdal punika kita saget makempal wonten mriki ingkang kahanan sehat wal ‘afiat mboten wonten alangan punapa- punapa.

Bapak/Ibu guru ingkang dahat kinurmatan, mboten kantun kula minangka seselihipun putra putri siswa kelas sanga atur agunging panuwun ingkang tanpa upami awit keiklasan saha katresnan Bapak/Ibu Guru nggulawenthah dhumateng para siswa saengga saget ngrampungaken kewajiban ingkang sampun kalampahan dangunipun tigang warsa, kanthi pikantuk surat tandha tamat blajar.

Bapak/Ibu ingkang satuhu kula kurmati saha adik- adik ingkang kula trisnani.

Sakedhap malih kula sakanca-kanca nilaraken pawiyatan punika. Awrat anggen kula matur kados pundi raosipun nilar Bapak/Ibu Guru saha adik adik, amargi kawontenan kedah mekaken, pramila kepeksan kula kaliyan kanca-kanca nilaraken Bapak/Ibu Guru saha adik adik kelas pitu tuwin kelas wolu.Pawiyatan ingkang sampun tigang warsa sampun tansah cecaketan kaliyan kula, kula sakanca rumaos cuwa penggalih, badhe nilaraken pawiyatan menika, amargi kahanan saking karsaning gusti, wonten pepaggihan tamtu badhe wonten perpisahan, punika kados sampun sampan kodrat mboten kenging dipunowahi malih.

Kula sakanca kelas sanga ingkang badhe nilaraken pawiyatan punika tansah nyenyuwun lan ndedanga adik adik sedaya kasil anggenipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan punika, kula minangka sesulihipun kanca kelas sanga tansah nyuwun, mugi mugi adik-adik sregep anggenipun sinau lan tansah mituhu dhumateng Bapak/Ibu Guru.

Kula kinten mboten prayogi menawi atur pamitan punika kula pepanjang. Kula naming tansah nyuwun tambahing donga pangestu saking Bapak/Ibu Guru saha adik-adik. Saged wilujeng sasampunipun medal saking pawiyatan punika lan saged pikantuk pawiyatan luhur kangge ngangsu kawruh ngilmu ingkang langkung inggil.

Mbok menawi anggen kula matur wonten lepatipun, kula nyuwun ngapura ingkang sakageng-angengipun.

Nuwun, kula nuwun
Wassalamualaikum Wr. Wb.








0 komentar:

Posting Komentar

Template by:

Free Blog Templates